GEGURITAN



ROBOT  JAMAN

Dening: NURHADI, S. Pd. SD*




Wus pinesthi kodrating jawata
Pamengku rasa cipta karsa
Tumanduk saweneh titah sinebut resi, wiku, pandhita
Gegulang siwi anjalari unggahing budi
Luru kawruh kekulak pangerten
Hananging katemben madyaning warta, kridhaning siswa
Kang wus wani nerak paugeran

Aksara-aksara kamulyan lan angka kamenangan wis tiningal
Jugrug dening ombak umbuling jaman 
P'ra siswa lumaku tinebih daya
P'ra siswa lumaku nalisir
Kadyo robot
Hanung remot batre nyawa sinambung

Duh, Gusti….
Kang paring purba
Yen to Ki Hajar pirsa…?
Yen to Ki Hajar nyandhing…?
Bakal godres netro netes ludira
Hamirsani putra wayah
Congkrah…
Congkrah…
Mangkono pralambang asoring bangsa
Hiyo…, Resi, Pandhita, Wiku utawa Guru
kang dadi undhering pitakon:
"Geneya, hasiling pawiyatan kaya mangkono?"
Wisuda lulus raharja p’ra dwija kang adiluhung
Kudu den eja wantah
Aja mung:
"Dadi guru, bener!"
Aja mung:
"Kebeneran,  dadi guru!"

Namung bisa ya nyembadani bener-bener guru
Murih jayaning bangsa
Murih raharjaning praja



 Dukun, 25 Nopember 2012
Dening  Nurhadi, S. Pd. SD

 
*Juara I Nganggit & Maca Geguritan dalam memperingati HUT PGRI & Hari Guru Tahun 2013 di Kecamatan Dukun